ARJUNA WIWAHA

14.01 Edit This 0 Comments »
Wayang orang Arjuna Wiwaha, diambil dari http://wayangprabu.com/page/16/?s

ARJUNA WIWAHA

Dengan bekal Kemampuan,ketrampilan dan strategi yang tepat,Arjuna di jagokan para Dewa untuk menumpas keangkamurkaan Prabu Niwatakawaca.Para Dewa kemudian memberi anugerah penobatan (WIWAHA) kepada Arjuna dengan gelar Prabu Kariti/Kalithi/Karitin di Kahyangan Tinjomaya dan berhak menyunting tujuh Bidadari yaitu : Supraba,Wilutama,Warsiki,Gagar mayang,Tunjung Biru,Irim irim dan Lengleng mandanu.
bareng moco posting2 sak hurunge ki aku lagi dong sopo kuwi Bambang Priyambada. lha nggolek referensi ki olehe ming bahwa Bambang Priyambada ki anake Arjuna tapi simboke sopo ora diwenehi weruh
nah berdasar posting Pak Marmo mbiyen, ternyata wis dijelasne yen Bambang Priyambada iki ugo sering disebut Prabakusuma sing jebule anake Dewi Supraba

penasaran karo Bambang Priyambada ki ya gara2 lakon Petruk dadi Ratu . garis besar lakon sing terkenal kuwi ngene lho lur:

bahwa ana seorang putri jenenge Mustakaweni sing merupakan putrine raksasa Prabu Niwatakawaca sing dipateni karo Arjuna ning lakon Arjunawiwaha. Mustakaweni iki berniat balas dendam karo para dewa. dekne golek akal piye carane ben iso menang gelut lawan dewa2 lan Arjuna. clinggggg… mboh soko ngendi dekne dadi nduwe ide yen nganggo Jamus Kalimasada, sing merupakan ajiane Puntadewa, pasti bakal iso ngalahke sopo wae.

lha ben iso oleh jimat kuwi, Mustakaweni ngrapal mantra nggo ngubah wujud dadi Gathotkaca. dengan bgitu dekne iso nyedaki Drupadi trus njilih Jamus Kalimasada. mergo Gathotkaca iki adalah Senapatine Pendawa lan merupakan anak Pendawa sing paling ditresnani selain Abimanyu, ora ono alasan kanggo Drupadi ora njilihi jimat. dekne percaya wae. bareng Gathotkaca palsu iki wis nompo Jamus Kalimasada, Mustakaweni berubah dadi wujud asline lan langsung mlayu ilang.

Drupadi kebingungan lan nangis. ndelalah njedul anake Arjuna yaiku si Bambang Priyambada. satria muda iki langsung nguber Mustakaweni bareng Srikandi lan Petruk barang sing ndelalah ugo ono ning kono. niat Mustakaweni balas dendam karo para dewa ternyata ora klakon mergane dekne dewe ora iso ngrapal Jamus Kalimasada. soale jimat iku mung mandi yen sing ngenggo ki wong sing jujur lan adil tanpa cela, koyoto Yudistira kuwi.

ora suwe ngono akhire Bambang Priyambada dkk iso nyusul Mustakaweni. perang tanding Mustakaweni vs Srikandi + Priyambada. Mustakaweni kalah. mboh piye ceritane, opo ono klausul sak urunge perang tanding yen Mustakaweni kalah njur dekne rabi karo Bambang Priyambada. pokoke akhire ngono. Bambang Priyambada rabi karo Mustakaweni, trus Jamus Kalimasada dititipne Petruk kon mbalekne nyang Drupadi lan Yudistira.

lha ceritane muncul soko kene. Petruk si rakyat jelata iki ugo seorang sing jujur, luhur budi pekertine, ora duwe niat jahat, adil dll. wis to pokoke dekne memenuhi syarat nggo ngrapal Jamus Kalimasada. alhasil ora malah diwenehne Drupadi, eeh jimat kuwi mau dinggo dewe. trus dekne lunga nyang Astina ngangkat diri sendiri dadi ratu ning kono .
(aku ra yakin opo memang ning Astina opo ora ).
sing jelas dekne sing rakyat jelata, wong cilik, kere, batih, kuwi gelut karo para ksatria, pangeran, lan raja koyoto Durna, Sengkuni, Suyudana, Dursasana, dll.

lha piye ra gelut, wong sak penake dewe ngangkat diri sendiri dadi ratu trus ngongkon sewenang2 para ratu lan kaum ksatria liyane. nganggo Jamus Kalimasada kuwi, Petruk tak terkalahkan. dekne dadi ratu tenanan. . bahkan yen ra salah Kresna pun ra iso ngalahne. pokoke dengan sukses Petruk memerintah Astina. lha trus hasile piye? ya mestine iso ditebak. bahwa dekne ora iso ngatur negara. morat marit. njungkir walikne tatanan sing ana. misale ksatria2 mau dadi pembantune dekne . dekne tetep konyol cekakakan ya memang dasare tingkah laku wong cilik

polahe Petruk iki lagi mandeg bareng dekne kalah gelut karo Bagong. gelute pun ora koyo gelut para ksatria. wong gelute ki gelut rakyat jelata lan kampungan ngono kae .
nah bareng wis kuwi, suatu saat Kresna sing bijak lan titisan Sang Hyang Wisnu iki takon, “lha ngopo to Truk awakmu kok polah koyo ngono kuwi?”. Petruk sing selalu ngomong polos ceplas ceplos cuman ngomong “Lhawong pengen kok!!”.
jawaban kuwi seolah2 ngrubuhne prasangka2 elek para ksatria sing dialamatne nyang Petruk. mereka nyangkane yen Petruk balas dendam karo tingkah lakune para ksatria sing tukang ngongkoni lan beranggapan bahwa dekne, rakyat jelata, ki ming bahan guyonan tok.
cerito tentang Brajadenta lan Brajamusti iki memang kedadean ning Pringgandani. kerajaane si Gathotkaca. putra putri kerajaan Pringgandani ki ono Arimba, Arimbi, Brajadenta, Brajamusti, Prabakesa, Brajalamatan, lan sing ragil Kala Bendana.
koyo sing wis kabeh weruh, bahwa Arimba iki mati ditangan Werkudara pas babat alas Wanamarta. trus Arimbi dadi bojone.
lah trus piye ceritane, pokoke tahta kerajaan Pringgandani iki iso kecekel Gathotkaca. tentang sopo sing paling berhak atas tahta kuwi aku ya ra weruh. mungkin sedulur liyane iso mengklarifikasi

sing jelas waktu Gathotkaca naik tahta, kakak beradik Brajadenta lan Brajamusti iki diangkat dadi Senapati Pringgandani. cuman Brajadenta iki nduwe pikiran yen mestine dekne lah si pewaris tahta Pringgandani. mergo nrima ing pandum. Brajadenta meneng wae.
fyi, Pringgandani iki adalah kerajaan para raksasa. kekuatan perang-e luar biasa. nyelot wengi ya nyelot sekti.

suatu saat, Arya Sengkuni lan Durna iki kuatir akan kekuatan Pringgandani sing memang sekutu setubuhe Pendawa. mereka berusaha memecah belah (baca: devide et impera ). tentu wae karo bantuane Betari Durga, Sengkuni lan Durna sukses meyakinkan Brajadenta yen memang dekne lah pewaris tahta sing sah. lan hak iki yen perlu direbut lewat perang. mati karena membela haknya yg sejati adalah surga nirwana imbalannya. kuwi hukum ksatria.
Betari Durga janji yen meh ngewangi Brajadenta mbalela.

Brajadenta gede atine. dekne bener2 mbrontak. tapi Brajamusti tetep kekeh lan loyal karo Gathotkkaca. dekne mbela Pringgandani-ne Gathotkaca kuwi. menurut cerita, kesaktiane Brajadenta lan Brajamusti iki setara, mulo kuwi perang tanding antara Brajadenta lawan Brajamusti ki sampyuh (imbang). kabeh mati. arwah Brajadenta lan Brajamusti ora ilang, mereka tetep melu Gathotkaca. luwih tepate ning tangan kiwo lan tengene si Gathotkaca. mergo kuwi kesaktiane Gathotkaca nyelot luar biasa
Sauger wawasan kang rodo gumathok, aku njaluk palilah karo boloku kabeh sethithik babagan Arjuna. ARJUNA iku putra Prabu Pandudewanata, raja nagara Astinapura karo Dewi Kunti ya Dewi Prita (putri Prabu Basukunti raja ing nagara Mandura). Arjuna putra no telu soko lima sedulur kang katelah Pandawa. Loro kadang tunggal ibu yaiku Puntadewa lan Bima ya Werkudara. Lain ibu, putra Pandu lan Dewi Madrim yaiku Nakula lan Sadewa.

Arjuna iku sawijining satriya kang gentur lelana, mertapa lan meguru ngangsu kawruh. Kajaba murid Resi Drona ing Padepokan Sukalima, Arjuna uga dadi muride Resi Padmanaba saking Pertapan Untarayana. Arjuna ya tahu madeg Pandita ing Goa Mintaraga, gelar Bagawan Ciptaning, dadi jagone kadewatan nyirnakaken Prabu Niwatakawaca, raja raseksa saking nagara Imaimantaka. Arjuna den angkat dadiya raja ing Kahyangan Kaindran gelar Prabu Karitin. lan anugrah pusaka-pusaka sekti saking para dewa, antara liya Gandewa (Bathara Indra ), Panah Ardadadali (Bathara Kuwera ), Panah Cundamanik (Bathara Narada ).

Arjuna uga duwe pusaka-pusaka sekti luyane, Keris Kiai Kalanadah, Panah Sangkali (Resi Durna ), Panah Candranila, Panah Sirsha, Keris Kiai Sarotama, Keris Kiai Baruna, Keris Pulanggeni (diwarisake marang Abimanyu ), Terompet Dewanata, Cupu Lengo Jayengkaton (Bagawan Wilawuk saka pertapan Pringcendani ) lan Kuda Ciptawilaha karo Cambuk Kiai Pamuk. Ajiane ya akeh antara liya Panglimunan, Tunggengmaya, Sepiangin, Mayabumi, Pengasih lan Asmaragama.

Lha perkara bojo-bojo lan anak-anake Arjuna aku wis tahu posting dek mbiyen.

Nitik apa wae kang den lampahi lan apa kang ginayuh dening Rakyan Arjuna Arjuna iku pancen pilihan (sanajan sak bagian ya given). Jer jarene Pak Thomas Alva Edison, bakat lan intelegensia iku cuma 5%, lha sing 95% iku kringet. Dadi jelas yen Arjuna iku pancen pejuang.
ngadep ndhodho nangis mbeguguk si arjuna ono ing ngarepe prabu salya. sinambi ngusap luh kang mbrebes mili “wa prabu salya, menawi wa prabu taksih remen lan tresna kaliyan pandhawa ing dinten menika kula nyuwun dharma bhektinipun sampeyan uwa “.
“Apa kuwi arjuna , dumadakan nangis dumarojhog tanpa larapan, kaya ana lindhu jogja wae” , prabu salya nyahut kanthi bingung ing penggalih.

“uwa prabu, mbenjing karno dados senopati ing astina, lan kula dados senopati ing pendhawa. Namung kula mangertosi bilih kunta wijayandanu sampun katamakaken ing jajaning ponakan kula, si gatotkaca. Sampun uwa prabu, mbenjing kula kedah menang ing palagan. mbenjing ajeng kula tigas jangganipun kakang karna. Kula mangertos bilih mbenjing sampeyan uwa ingkang dados saisipun mantu sampeyan , basukarna “.

“iya arjuna, kowe arep ngapa, dharmaning satria kudu wani nggetih .. ora kaya awakmu mung iso nangis mbeguguk , jaluk apa kowe marang aku ?”

“wa prabu”, arjuna mangsuli. “kula nyuwun panjenengan ingkang sampun kula mangertosi trampil ing ulah sais , kula mangertosi, panjenengan sampung ngendika menawi batos panjenengan menika bela pandhawa. nanging nyuwun sewu kula mboten pados dhukungan bathin. panjenengan saged donga siang dalu kangge menanging pandhawa, nanging menawi lair panjenengan mbelani ngastina …. inggih sami mawon. kula mangertos sampean sakti mandraguna lan tanpa tanding. milanipun kula njih gadhah panyuwunan dateng sampean. sepindah malih kula mboten betah dukungan bathin sampean. menawi sampean wa prabu mboten kersa, injih sumangga sak lahir lan bathin ngadek jejeg panjenengan belani kurawa. “

kaget sang salya “hmmmm… arjuna, lahirmu kowe iku madheg satria, nangeing kok jirih ngadepi pucuking panah? kang dumadi sesuk tetep wae sesuk kang bakal nentokake. aku iki lahir mbelani ngastina nanging bathin tetep mbelani kautamaning pandhawa, jebul watekmu ya ora duwe wateg satria “

Arjuna nyahut, “sampun kathah ing pangocap, mbenjing kula inggih nyuwun bhekti sampean tumrap pandawa. pandawa mboten pengin dukungan bathin, nanging inggih lahir lan bathin…. menawi sampean kersa kula nyuwun mbenjing ing palagan kurusetra sampean kedah :: 1) mlesetaken keretanipun karna ing krikil ingkang sampun kula pasang ing tengahing palagan kurusetra, menawi karna badhe manah dateng janggga kula. 2) menawi kula gadhah giliran manah karna sampean kedah nyerakaken kretanipun karna dateng kreta kula saha ngadepaken jangganipun karna wonten ing ngajeng kula “

“We la dhalah, arjuna …. arjuna ,… ora ngira ngger penjalukmu iku dudu watak satria. ing sajroning palagan satria kudu jujur ing panemu, nuhoni apa kang dadi piwulange guru, ora laku licik kaya awakmu ” , abang sumringah pasuryanipun prabu salya mireng ucaping arjuna.

“sampun terang menika uwa prabu, menawi kula saha pandawa mboten pengin dukungan bathin sampeyan. kula pengin bhekti sampeyan yo lahir ya bathin. licik boten licik menika namung aran siasat. mangga kersa sampeyan , menawi sampean taksih tresna dateng pandawa, dateng si kembar sampean kedah nuhoni menapa penjaluk kula. sampun kula nyuwun pamit “.

……..enjingipun wonten ing tegal kurusetra …..
“rama prabu ….. rama prabu , mandheg rumiyin. cobi panjenengan galih, sampeyan menika sais ingkang sae nama ingkang badhe nganjlogaken bendaranipun dateng jurang ?”, adipati karno kaget bilih prabu salya malah nabrak krikil, “hmm karno aku iki saismu, yen kowe ora percoyo marang saismu terus marang sapa maneh?”.. “hai sais kreta, ak saiki dudu mantumu nangin aku saiki dadi bendaramu, sampean kudu nurut kula”.

“oooh karna dadi kaya ngono patrapmu marang aku, yaa karna sewu pangati-atimu karna, aku iki wis puluhan tahun ngulandara ing akeh perang , nanging lagi ketemu awakmu sing ora duwe sopan santun” prabu salya mbalesi opo kang dadi alokane karna.

sais, sais salya … pratelakna kae arjuna wis pasang panah ngincer janggaku ” , karna ora sabar marang prabu salya. prabu salya ing sajroning ati bingung mungun. dumadakan kretane di gerak nyedhaki marang arjuna, kretane madhep ing arah panahe arjuna.

karna sing mangerteni babakan iku terus “hai sais salya , coba delengen, opo mripatmu ora ngerti iki kreta madhep ing ngendi, arjuna nggawa pasopati ngarah janggaku, hai sais sais sa….” dumadakan cumlorot pasopati ing janggane karna. sirahe gumlinding ing kesrempet roda kreta lan mandeg ing sangisore sikil jaran kang nembe wae mandheg.

kanthi mbrebes prabu salya mungun, ndelok janggane karna kang wis ora duwe sirah maneh. ing kadohan katon arjuna mesem kecut ing arahe prabu salya saha rumangsa menang anggone ngrebut ati saha lelabuhane prabu salya. ora kira-kira prabu salya dipanah dening arjuna nanging mung kena ing jamange prabu salya. ing panah ana salembar lontar kang unine “matur suwun uwa prabu, sampean sampun labuh lahir bathin dateng pandhawa. yektos paduka mbenjang ing titi wancinipun dados senopati, kula sampun nyepeng bilih paduka tamtu asor kaliyan kakang yudhistira , pandhawa kedah mimpang sang prabu, mbenjing sampean kedah ngalah bongkokan dateng kakang prabu yudhistira. suwun uwa prabu. saksampunipun wa prabu asor lan gugur ing palagan kurusetra kula nyuwun tlatah kraton paduka kula warisaken dateng si kembar, nakula saha sadewa. “
memang akeh versi tentang Karna Tanding iki. ha cuman koyoke yen versi jowo memang ngono onone. Prabu Salya iki memang mbelani Janaka/Pendawa pas Baratayuda. wong pas budal perang soko ngomah wae memang berniat gabung karo Pendawa, cuman diakali Suyudana wae kuwi toh.

sing sering tak woco/rungokne/delok ki keretane Karna copot roda ne soale Salya memang sengaja ngliwatne dalan nggronjal. nah bareng ngono kan keretane gak iso mlaku, sementara keretane Kresna wis cedak. Arjuna langsung mbidik nganggo panahe, tp Karna mbengok: “yen awakmu memang ksatria lan pahlawan gede, mestine awakmu ngerti yen keadaanku ra berdaya. awakmu kudu ngenteni kereta ku didandani sik trus awake dewe lanjut perang maneh!”

Kresna njawab, “lucu awakmu ngomong ngono kuwi. aku nggumun tenan. bareng kejepit, kok mendadak awakmu dadi wong berakal sehat lan bijaksana luar biasa. wingi pas Abimanyu gugur kae awakmu pas nang ngendi? bukane awakmu melu ngeroyok cah cilik sing wis gak duwe senjata apa maneh kereta, trus dikeroyok sak kabehe Kurawa?! Karna, senjatamu sik lengkap, tapi awakmu koyo wis entek nyaline trus berkoar menggurui piye dadi seorang ksatria.”

krungu omongane Kresna. Karna ming iso ndingkluk isin lan nyadari kesalahan2e dekne. tp sesaat kemudian, dekne langsung mbidik panah nyang Arjuna sing lagi lena. untunge Kresna sigap langsung ngelesi karo keretane tapi srettt… cepp… mancep ning pundake Arjuna. bar kuwi Karna secepat kilat mbalik awak trus ngerapal mantra sing diwenehi gurune mbiyen tp dekne lali rapalane soale memang wis dikutuk karo gurune kuwi yen dekne bakalan lali rapalane ning wektu paling penting. Arjuna langsung njupuk pasopatine dekne, tanpo pikir2 maneh clinggggg… ndas-e Karna ngglinding ucul soko awake.
untuk menambah info dari Mas RC, Karna pernah berguru dengan Begawan Rama Bargawa (kurang jelas bagaimana bisanya, soalnya kan Ramabargawa ada di Jaman Ramayana??? ) tapi Karna saat itu menyamar sebagai brahmana, karena ia tahu Rama Bargawa sangat benci pada golongan raja dan ksatria yang telah menghabisi orang tua dan saudaranya.
Akhirnya Karna berhasil berguru pada Rama Bargawa. Suatu hari, saat Rama Bargawa tertidur dipangkuan Karna, datanglah seekor ketonggeng, semacam kalajengking, menggigit paha Karna. Karna yang tidak mau membangunkan gurunya menahan rasa sakit yang luar biasa sampai keringetan. saat itu Rama Bargawa bangun karen keringat karna yang menetes. sadarlah dia kalau hanya golongan ksatria saja yang sanggup menahan rasa sakit yang demikian. Maka karena merasa dibohongi, Rama Bargawa mengutuk Karna
Dan Juga menurut beberapa versi di Yogyakarta tentang Abimanyu Gugur atau ranjapan, yang terjadi adalah Saat Abimanyu datang diiringi Brantalaras, dan Sumitra, Karna tahu bahwa Abimanyu sedang dijebak. maka ia memberi isyarat kepada Abimanyu untuk mundur namun Abimanyu tidak menghiraukan. Karna mengira yang memanas-manasi adalah Brantalaras yang menjdi pengawal khusus Abimanyu, maka dipanahlah Brantalaras. kereta Abimanyu tetap berjalan semakin kencang, kali ini yang di panah Karna adalah Sumitra yang berperan sebagai saisnya. Abimanyu jatuh dari kereta namun sudah telambat, ia sudah berada di tengah2 pasukan kurawa, dihajar habis2an lah si Abimanyu namun ia masih sempat mengamuk dengan membuuh Citraksi, dan lainnya. Karna yang melihat keponakannya mengalami hal itu tidak tega, lalu melepaskan panahnya untuk membunuh Abimanyu agar tidak menderita.

Jadi di sini digambarkan Karna sebagai sosok yang cukup baik.

dan versi lain mengenai Karna Tanding adalah, Prabu Salya yang tahu Arjuna sedang lengah membelokkan keretanya saat Karna membidik kepalanya sehingga yang terkena bukannya kepala Arjuna melainkan Topong nya (semacam mahkota).

Saat Karna sedang mencak-mencak dengan mertuanya , saat itu lah Arjuna melepaskan panahnya atas perintah Kresna dan gugurlah Karna.
Yoh, Karna, Karna, mesakaken temen awakiro. Basukarna yo Suryaputra yo Karna ratu ing Wangga pancen satria utama, satria binangkit kang kalebu Tripama, yaiku Bambang Sumantri (Patih Suwanda), Kumbakarna sang maha jujur, lan Karna.

Wantah pancen Karna iku ratu, satria sekti mandraguna, lan senopati agung Astina. Bojone ayu, maratuane ya kalebu ratu agung. Ananging, jiwane ringkih, adoh sanak adoh kadang, dilarung nalika isih bayi. Apa maneh suk ing Baratayudha mangsah tanding lawan kadang pribadi. Abot temen sanggane sang satria tama; iku sababe Karna tansah nyenyuwun marang Sang Maha Agawe Gesang kinen Baratayudha dadi. Artikel ini diambil dari http://wayang.wordpress.com/2010/07/18/babakan-arjuna/

0 komentar: